Cilikanku rambutku dicukur kuncung
Kathokku saka karung gandum
Klambiku warisane mbah kakung
Sarapanku sambel korek sega jagung
Kosokan watu neng kali nyemplung neng kedhung
Jaman biyen durung ungsum sabun
Andukku cukup mung anduk sarung
Dolananku montor cilik saka lempung
Bis holobis kuntul baris, E gegere ra uwis uwis
Bis holobis kuntul baris, E gegere ra uwis uwis
Tanggal limolas padang jingglang bulane bunder seser
Aku dikudang mbesuk gedhe dadi dokter
Tanggal limolas padang jingglang bulane bunder bunder
Bareng wis gede aku disuntik karo bu dokter
Hanacaraka datasawala
Iki cerita jaman semana
Dijajah landa urip rekasa
Saiki merdika ya dha golek bandha
